Senin, 28 Oktober 2013

feature




Wisata Desa Adat Tenganan
     
Desa tenganan inggih menika salah satunggaling desa adat wonten ing kabupaten karanganyar, Bali. Desa tenganan menika jarakipun saking Denpasar kirang langkung 80 km. Miturut gait wisata sejarah tenganantembung tenganan menika aslipun saking tembung “ tengah” utawi “ngatenghang” ingkang ngadahi teges bergerak ke daerah ingkang langkung mlebet. Tembung kasebut dipunhubungaken kaliyan pergerakan masyarakat desa saking daerah pinggir pantai ke daerah pemukiman ditengah perbukitan, inggih menika bukit Barat ( Bukit Kauh) lan Bukit Timur ( bukit Kangin). Desa tenganan menika desa wonten ing tengah- tengah alas utawi hutan, namung wonten setunggal jalur kangge mlebet lan medal. Desa tenganan grupakaen salah satunggaling desa ingkang tasih merpertahanaken pola pagesangan ingkang tata masyarakatipun ngacu kaliyan aturan tradisional adat desa ingkang sampun dipunwarisaken nenek moyang kala rumiyin.
       Wujud lan aturan tata letakipun bangunan tasih tumut aturan adat turun- temurun ingkang tasih mempertahanaken dumugi kala sakniki. Sanesipun wujud griya utawi bangunannipun ingkang tasih asli tradisional, tenganan ugi dipun kenal kaliyan desa wisata upacara adat. Padamelan wonten ing desa tenganan menika wargi-warginipun langkung umumipun dados petani pari, ananging wonten ugi ingkang padamelanipun ndamel aneka mawarni- warni kerajinan. Biasanipun kerajinan wonten ing desa tenganan menika langkung kathah ndamel anyaman saking pring, ukiran lan lukisan wonten ing nggingilipun godhong lontar ingkang sampun dipunbakar utawi diobong. Wonten ing desa tenganan menika para wisata saged lagsung ninggali bangunan- bangunan wonten ing desa lan para pangrajin- pangrajin ingkang ngambar wonten ing lontar. Desa menika ugi dipunkenal kaliyan nenun kain.                    
       Wonten ing pagesangan desa tenganan menika tasih dipunatur kaliyan hukum adat. Griya wonten ing desa adat dipunbangun saking campuran bata abrit, selo lepen, lan ugi lemah. Menawi eyupnipun utawi atapipun saking tumpukan godhong rumbi. Griya adat ingkang wonten ngadahi wujud lan ukuran ingkang kathahipun sami antawis griya satunggal kaliayan griya sanesipun lan ngadahi lawangipun kangge mlebet luasipun ukuranipun namung kados satunggal tiyang dewasa. Lan satunggal ciri inggih menika wonten ing nginggil lawang menika katinggalan dados setunggal kaliyan griya.

       Desa Tenganan ugi ngadahi tradisi ingkang kathah lan unik kadosta jumlah tiyang kakung lan wadon menika seimbang lan menawi badhe nikah kedah sami-sami angsal tiyang desa adat tenganan menika, manawi wonten ingkang pikantuk jodo tiyangg njawi desa adat sampun mboten dipunanggap wargi tenganan utawi sampun dipun buang. kekuasaan desa adat, antawisipun lemah utawi hak pertuanan desa adat menika. Lemah- lemah ingkang dipunkuwasani sedayanipun desa adat kangge paedah desanipun piyambak. Wargi- wargi desa adat menika mboten angsal ngedol dening tiyang wonten ing njawi desa tenganan menika. Budaya wonten ing desa adat menika antawisipun upacara adat Mekare- kare ingkang langkun terkenal inggih menika nampilaken lare putra kalih ingkang saweg perang kanthi nginakaken pandan. Mekare- kare  utawi perang pandan menika dipuntindaki wanci setahun sepisan dados cara kangge nunjukaken bilih tiyang muda mboten wonten ingkang  desa adat menika mboten wonten ingkang ngadahi nanging kebo menika ugi sesaba pados pangan piyambak ing desa adat Tenganan.


News feature



Abrasi Pantai Selatan Terus Mengancam
      
  Pantai inggih menika suatu barisan sedimen utawi endapan ingkang muncul saking garis banyu ingkang rendah dumugi tebing utawi dumugi zona kanthi tumbuhan permanen. Pantai ngadahi bentuk lan antawisipun inggih menika:  Spit inggih menika pantai salah satunggaling ujungipun gandeng kaliyan daratan, Baymouth inggih menika bukit endapan wonten ing pantai ingkang motong teluk kaliyan lautan, Tambolo inggih menika bukit endapan wonten ing pantai ingkang nghubungaken pulau kaliyan pulau utaminipun.
       Pantai inggih menika sebuah bentuk geografis ingkang terdiri antawispun pasir,lan ugii wonten ing daerah pesisir laut. Daerah pantai dados batas antaranipun daratan lan perairan laut. Dowonipun garis pantai menika dipun ukur ngelilingi sedaya pantai ingkang ngerupakaken daerah territorial suatu nagara. Pantai kadadosan wontenipun gelombang ingkang nghantam tepi daratan tanpa henti, sahingga ngalami pengikisan, gelombang  penghancur menika dipunsebat gelombang destruktif.
.    Pantai ugi ngadahi manfaat dateng pagesangan, terutami wonten ing daerah tropis pantai saged dipunmanfaataken dados: areal tambak, daerah pertanian pasang surut, wilayah perkebunan kelapa lan pisang utawi gedhang, obyek wisata, lan  daerah pengembangan industri kerajinan rakyat ingkang bercorak khas daerah pantai lan sanes- sanesipun.
       Pantai ugi ngadahi ekosistem, ekosistem pantai inggih menika ekosistem ingkang wonten ing wilayah perbatasan antaranipun air laut lan daratan, wonten ekosistem wonten komponen biotik lan komponen abiotik. Komponen biotik pantai menika antaranipun tumbuhan lan kewan ingkang gesang wonten ing  daerah pantai, ananging komponen abotik pantai menika antaranipun kadadosan saking gelombang , arus,angin, pasir, batuan, lan sanesipun.
       Garis pantai inggih menika wates katemunipun antaranipun bagian laut lan daratan wonten kadadosanipun banyu laut pasang ingkang paling inggil. Garis laut saged rubah amargi wontenipun abrasi , inggih menika pengikisan pantai kanthi hantaman  gelombang laut ingkang nyebabaken kekirangan areal darat. Wonten pamanggih sanes abrasi inggih menika proses pengikisan pantai kanthi tenaga gelombang laut lan arus laut ingkang sifatipun ngrisak. Abrasi biasanipun ugi dipunsebat erosi pantai. Kerisakan garis pantai akibat abrasi menika dipunpacu saking terganggunipun kesimbangan alam daerah pantai kasebat. Ananging abrasi menika saged dipunsebabaken gejala alam, nanging ugi manugsa asring dipunsebat dados penyebab utamanipun abrasi. Salah satunggaling cara kangge nyegah abrasi inggih menika penanaman hutan mangrove.
       Obyek wisata pantai menika dados panggenan kangge wisata antaranipun wisata lokal utawi wisatawan manca Negara rame dolman wonten ing pantai. Obyek wisata pantai ugi dados jujugan tiyang muda kangge rekreasi ingkang panggenan sejuk, nyaman. Saben dinten pantai mboten sepi saking tiyang ingkang dolan utawi tiyang ingkang berburu kuliner seafood. Kangge pemasukan warga masyarakat sekitar pantai ugi lumayan kangge nyukupi kabetahan sedinten- dintenipun, wonten ing obyek wisata pantai menika nyediaken mapinten- pinten kuliner utawi wahana kangge mainan. Kuliner wonten ing wisata pantai antaranipun : ulam, seafood, peyek lan sanesipun lan ugi wahana kangge mainan antaranipun layang- layang, motor ATV, kolam renang lan sanesipun. Wisata lokal lan saking maca Negara  inggih remen dhateng wonten ing obyek wisata pantai saged mirsani kapal badhe pados ulam lan saged ugi mirsani kapal ingkang bibar pados ulam. Wonten ing obyek wisata pantai menika kadang ugi sepi amargi wonten cariyos- cariyos babagan sunami. Wontenipun gossip sunami menika ndadosaken obyek wisata pantai menika sepi saking pengunjung. Dinten ingkang paling rame menika bilih dinten ingkang hari tartamu utawi tanggal abrit.
      Akhir- akhir menika obyek wisata pantai khususipun pantai selatan kenging bencana alam abrasi. Abrasi wonten ing wilayah DIY menika ndadosaken raos khawatir ugi sampun ngrisak infrastruktur jalan lan permukiman warga wonten ing sekitar pantai. Kondisi pantai kidul ingkang curam saking Gunungkidul, Bantul dumugi Kulonprogo berpotensi nyebabaken kadadosan abrasi. Sedaya kawasan pantai kidul wonten ing DIY terancam  bahaya abrasi. Gelombang pasang pantai kidul Bantul wiwit dinten Kamis siang dumugi jumat sonten. Ngakibataken 12 griya dhahar wonten ing pantai Depok Parangtritis Kretek Bantul lan 8 griya dhahar wonten ing Kwaru Sanden roboh. Gelombang ingkang awalipun namung ketinggianipun 1 meter dumugi 2 meter, lambat laun dados ageng tiap ndalu dados 5 meter dumugi 15 meter menika nerejang bangunan griya dhahar warga Depok lan Kwaru. Satungal lan satunggaling ingkang ngadahi griya dhahar antawisipun gadahanipun Pak Nakidi, Parno, Parno, Dian, Nuryadi, Sodik, Endar ,Bambang, Kabul, Surat, dan Suradi wonten ing Pantai Depok roboh dipunhantam kaliyan gelombang. Daratan utawi pantai pasir terus tergerus gelombang pasang menika ngakibataken abrasi pantai. Wonten tempo sekitar 12 jam, abrasi wonten ing pantai mencapai  15 meter kirang langkung. Sahingga griya wonten kawasan Pantai Depok menika dados caket kaliyan bayu segara, sewektu- wektu saged kancam gelombang ugi. Saklajengipun wonten ing kawasan Pantai Kwaru Sanden, griya warga masyarakat setahun kepungkur jarakipun namung kisaran kirang langkung 150 meter saking banyu segara, ananging sakmenika sampun lenyap kenging abrasi. Agengipun gelombang laut dipunsebabaken amargi pertemuan palung barat lan palung timur ingkang wonten ing kidul pantai. Amargi palung satunggal lan satunggalipun bertemu lajeng arus ingkang dipuntimbulaken sanget kuat sahingga nggerus bangunan ingkang wonten ing pinggir pantai. Saklajengipun kala rumiyen wonten ing Gunung kidul , inggilipun gelombang kawasan pantai kidul dados ancaman serius kawontenan kawasan pantai kidul wonten ing Gunungkidul, Yogyakarta. Wonten ing kawasan pantai menika ngalami abrasi ingkang ngkhawatiraken dening kawontenan pantai, lan ugi kaslamatan warga sekitaripun utaminipun para pedagang. Saking pantauan wonten ing pantai Drini lan Baron, kalih lokasi ingkang parah kenging abrasi, Minggu (30/1/2011) abrasi ugi ngrisak pondasi panggenan Pelelangan ulam wonten ing pantai Drini, nyebabaken kondisi menika dados ngkhawatiraken, sahingga bangunan mboten saged dipun ginakaken. Babagan menika ugi ndadosaken alit kawasan wisata pantai lan pedagang, amargi dipunsebabaken tergerusipun pasir.
       Gelombang pasang banyu segara inggih menika ngrupakaen kadadosan alam ingkang mboten saged dipunkendalikaken kaliyan manungsa. Penyebabipun abrasi inggih menika a) faktor alam b) faktor manusia. Proses ingkang dipunsebabaken factor alam inggih menika: angin bertiup wonten ing inggil laut nimbulaken gelombang lan arus laut lajeng nimbulaken kekuatan kangge ngikis  daerah pantai. Proses ingkang dipunsebabaken faktor manusia inggih menika: penambangan pasir ugi nyebabaken tekurasipun pasir laut ingkang berpengaruh terhadap kecepatan lan arah arus laut ingkang nghantam pantai.
       Dampak abrasi antwisipun : penyusutan lebar pantai, kerisakan infrastruktur, dampak agengipun pulau- pulau ingkang rendah saged tenggelam. Kondisi pantai selatan DIY ingkang curam lan berpasir mboten saged kangge nindaki upaya penanggulangan abrasi. Caranipun kangge pengendalian abrasi antaranipun: njagi kelestarian pasir pantai, nanem wit pandan lan cemaraudang wonten ing sakcerakipun pantai, penataan kawasaan pantai lan nyiapaken regulasi penanganan abrasi ingkang konsisten lan berkesinambungan saking elemen ingkang terkait wonten ing masyarakat.

Straight news



Abrasi Pantai Selatan Terus Mengancam
       Pantai depok inggih menika salah satunggaling pantai ingkang wonten ing kidul. Pantai depok kawontenan wonten ing sakkilen pantai parangtritis. Abrasi wonten ing wilayah DIY menika ndadosaken raos khawatir ugi sampun ngrisak infrastruktur jalan lan permukiman warga wonten ing sekitar pantai. Kondisi pantai kidul ingkang curam saking Gunungkidul, Bantul dumugi Kulonprogo berpotensi nyebabaken kadadosan abrasi. Sedaya kawasan pantai kidul wonten ing DIY terancam  bahaya abrasi. Gelombang pasang pantai kidul Bantul wiwit dinten Kamis siang dumugi jumat sonten. Ngakibataken 12 griya dhahar wonten ing pantai Depok Parangtritis Kretek Bantul lan 8 griya dhahar wonten ing Kwaru Sanden roboh. Gelombang ingkang awalipun namung ketinggianipun 1 meter dumugi 2 meter, lambat laun dados ageng tiap ndalu dados 5 meter dumugi 15 meter menika nerejang bangunan griya dhahar warga Depok lan Kwaru. Satungal lan satunggaling ingkang ngadahi griya dhahar antawisipun gadahanipun Pak Nakidi, Parno, Parno, Dian, Nuryadi, Sodik, Endar ,Bambang, Kabul, Surat, dan Suradi wonten ing Pantai Depok roboh dipunhantam kaliyan gelombang. Daratan utawi pantai pasir terus tergerus gelombang pasang menika ngakibataken abrasi pantai. Wonten tempo sekitar 12 jam, abrasi wonten ing pantai mencapai  15 meter kirang langkung. Sahingga griya wonten kawasan Pantai Depok menika dados caket kaliyan bayu segara, sewektu- wektu saged kancam gelombang ugi.