Abrasi
Pantai Selatan Terus Mengancam
Pantai depok
inggih menika salah satunggaling pantai ingkang wonten ing kidul. Pantai depok
kawontenan wonten ing sakkilen pantai parangtritis. Abrasi
wonten ing wilayah DIY menika ndadosaken raos khawatir ugi sampun ngrisak
infrastruktur jalan lan permukiman warga wonten ing sekitar pantai. Kondisi
pantai kidul ingkang curam saking Gunungkidul, Bantul dumugi Kulonprogo
berpotensi nyebabaken kadadosan abrasi. Sedaya kawasan pantai kidul wonten ing
DIY terancam bahaya abrasi. Gelombang
pasang pantai kidul Bantul wiwit dinten Kamis siang dumugi jumat sonten.
Ngakibataken 12 griya dhahar wonten ing pantai Depok Parangtritis Kretek Bantul
lan 8 griya dhahar wonten ing Kwaru Sanden roboh. Gelombang ingkang awalipun
namung ketinggianipun 1 meter dumugi 2 meter, lambat laun dados ageng tiap
ndalu dados 5 meter dumugi 15 meter menika nerejang bangunan griya dhahar warga
Depok lan Kwaru. Satungal lan satunggaling ingkang ngadahi griya dhahar
antawisipun gadahanipun Pak Nakidi, Parno, Parno, Dian, Nuryadi, Sodik, Endar
,Bambang, Kabul, Surat, dan Suradi wonten ing Pantai Depok roboh dipunhantam
kaliyan gelombang. Daratan utawi pantai pasir terus tergerus gelombang pasang
menika ngakibataken abrasi pantai. Wonten tempo sekitar 12 jam, abrasi wonten
ing pantai mencapai 15 meter kirang
langkung. Sahingga griya wonten kawasan Pantai Depok menika dados caket kaliyan
bayu segara, sewektu- wektu saged kancam gelombang ugi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar