Abrasi
Pantai Selatan Terus Mengancam
Pantai inggih menika suatu barisan sedimen utawi endapan ingkang muncul saking garis banyu ingkang rendah dumugi tebing utawi dumugi zona kanthi tumbuhan permanen. Pantai ngadahi bentuk lan antawisipun inggih menika: Spit inggih menika pantai salah satunggaling ujungipun gandeng kaliyan daratan, Baymouth inggih menika bukit endapan wonten ing pantai ingkang motong teluk kaliyan lautan, Tambolo inggih menika bukit endapan wonten ing pantai ingkang nghubungaken pulau kaliyan pulau utaminipun.
Pantai inggih menika sebuah bentuk
geografis ingkang terdiri antawispun pasir,lan ugii wonten ing daerah pesisir
laut. Daerah pantai dados batas antaranipun daratan lan perairan laut.
Dowonipun garis pantai menika dipun ukur ngelilingi sedaya pantai ingkang
ngerupakaken daerah territorial suatu nagara. Pantai kadadosan wontenipun
gelombang ingkang nghantam tepi daratan tanpa henti, sahingga ngalami pengikisan,
gelombang penghancur menika dipunsebat
gelombang destruktif.
. Pantai
ugi ngadahi manfaat dateng pagesangan, terutami wonten ing daerah tropis pantai
saged dipunmanfaataken dados: areal tambak, daerah pertanian pasang surut,
wilayah perkebunan kelapa lan pisang utawi gedhang, obyek wisata, lan daerah pengembangan industri kerajinan rakyat
ingkang bercorak khas daerah pantai lan sanes- sanesipun.
Pantai
ugi ngadahi ekosistem, ekosistem pantai inggih menika ekosistem ingkang wonten
ing wilayah perbatasan antaranipun air laut lan daratan, wonten ekosistem
wonten komponen biotik lan komponen abiotik. Komponen biotik pantai menika
antaranipun tumbuhan lan kewan ingkang gesang wonten ing daerah pantai, ananging komponen abotik
pantai menika antaranipun kadadosan saking gelombang , arus,angin, pasir,
batuan, lan sanesipun.
Garis pantai inggih menika wates
katemunipun antaranipun bagian laut lan daratan wonten kadadosanipun banyu laut
pasang ingkang paling inggil. Garis laut saged rubah amargi wontenipun abrasi ,
inggih menika pengikisan pantai kanthi hantaman
gelombang laut ingkang nyebabaken kekirangan areal darat. Wonten
pamanggih sanes abrasi inggih menika proses pengikisan pantai kanthi tenaga
gelombang laut lan arus laut ingkang sifatipun ngrisak. Abrasi biasanipun ugi
dipunsebat erosi pantai. Kerisakan garis pantai akibat abrasi menika dipunpacu
saking terganggunipun kesimbangan alam daerah pantai kasebat. Ananging abrasi
menika saged dipunsebabaken gejala alam, nanging ugi manugsa asring dipunsebat
dados penyebab utamanipun abrasi. Salah satunggaling cara kangge nyegah abrasi
inggih menika penanaman hutan mangrove.

Akhir- akhir menika obyek wisata pantai
khususipun pantai selatan kenging bencana alam abrasi. Abrasi wonten ing
wilayah DIY menika ndadosaken raos khawatir ugi sampun ngrisak infrastruktur
jalan lan permukiman warga wonten ing sekitar pantai. Kondisi pantai kidul
ingkang curam saking Gunungkidul, Bantul dumugi Kulonprogo berpotensi
nyebabaken kadadosan abrasi. Sedaya kawasan pantai kidul wonten ing DIY
terancam bahaya abrasi. Gelombang pasang
pantai kidul Bantul wiwit dinten Kamis siang dumugi jumat sonten. Ngakibataken
12 griya dhahar wonten ing pantai Depok Parangtritis Kretek Bantul lan 8 griya
dhahar wonten ing Kwaru Sanden roboh. Gelombang ingkang awalipun namung
ketinggianipun 1 meter dumugi 2 meter, lambat laun dados ageng tiap ndalu dados
5 meter dumugi 15 meter menika nerejang bangunan griya dhahar warga Depok lan
Kwaru. Satungal lan satunggaling ingkang ngadahi griya dhahar antawisipun
gadahanipun Pak Nakidi, Parno, Parno, Dian, Nuryadi, Sodik, Endar ,Bambang,
Kabul, Surat, dan Suradi wonten ing Pantai Depok roboh dipunhantam kaliyan
gelombang. Daratan utawi pantai pasir terus tergerus gelombang pasang menika
ngakibataken abrasi pantai. Wonten tempo sekitar 12 jam, abrasi wonten ing
pantai mencapai 15 meter kirang
langkung. Sahingga griya wonten kawasan Pantai Depok menika dados caket kaliyan
bayu segara, sewektu- wektu saged kancam gelombang ugi. Saklajengipun wonten
ing kawasan Pantai Kwaru Sanden, griya warga masyarakat setahun kepungkur
jarakipun namung kisaran kirang langkung 150 meter saking banyu segara,
ananging sakmenika sampun lenyap kenging abrasi. Agengipun gelombang laut
dipunsebabaken amargi pertemuan palung barat lan palung timur ingkang wonten
ing kidul pantai. Amargi palung satunggal lan satunggalipun bertemu lajeng arus
ingkang dipuntimbulaken sanget kuat sahingga nggerus bangunan ingkang wonten
ing pinggir pantai. Saklajengipun kala rumiyen wonten ing Gunung kidul ,
inggilipun gelombang kawasan pantai kidul dados ancaman serius kawontenan
kawasan pantai kidul wonten ing Gunungkidul, Yogyakarta. Wonten ing kawasan
pantai menika ngalami abrasi ingkang ngkhawatiraken dening kawontenan pantai,
lan ugi kaslamatan warga sekitaripun utaminipun para pedagang. Saking pantauan
wonten ing pantai Drini lan Baron, kalih lokasi ingkang parah kenging abrasi,
Minggu (30/1/2011) abrasi ugi ngrisak pondasi panggenan Pelelangan ulam wonten
ing pantai Drini, nyebabaken kondisi menika dados ngkhawatiraken, sahingga
bangunan mboten saged dipun ginakaken. Babagan menika ugi ndadosaken alit
kawasan wisata pantai lan pedagang, amargi dipunsebabaken tergerusipun pasir.
Gelombang pasang banyu segara inggih
menika ngrupakaen kadadosan alam ingkang mboten saged dipunkendalikaken kaliyan
manungsa. Penyebabipun abrasi inggih menika a) faktor alam b) faktor manusia.
Proses ingkang dipunsebabaken factor alam inggih menika: angin bertiup wonten
ing inggil laut nimbulaken gelombang lan arus laut lajeng nimbulaken kekuatan
kangge ngikis daerah pantai. Proses
ingkang dipunsebabaken faktor manusia inggih menika: penambangan pasir ugi
nyebabaken tekurasipun pasir laut ingkang berpengaruh terhadap kecepatan lan
arah arus laut ingkang nghantam pantai.
Dampak abrasi antwisipun : penyusutan
lebar pantai, kerisakan infrastruktur, dampak agengipun pulau- pulau ingkang
rendah saged tenggelam. Kondisi pantai selatan DIY ingkang curam lan berpasir
mboten saged kangge nindaki upaya penanggulangan abrasi. Caranipun kangge
pengendalian abrasi antaranipun: njagi kelestarian pasir pantai, nanem wit
pandan lan cemaraudang wonten ing sakcerakipun pantai, penataan kawasaan pantai
lan nyiapaken regulasi penanganan abrasi ingkang konsisten lan berkesinambungan
saking elemen ingkang terkait wonten ing masyarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar