Senin, 28 Oktober 2013

feature




Wisata Desa Adat Tenganan
     
Desa tenganan inggih menika salah satunggaling desa adat wonten ing kabupaten karanganyar, Bali. Desa tenganan menika jarakipun saking Denpasar kirang langkung 80 km. Miturut gait wisata sejarah tenganantembung tenganan menika aslipun saking tembung “ tengah” utawi “ngatenghang” ingkang ngadahi teges bergerak ke daerah ingkang langkung mlebet. Tembung kasebut dipunhubungaken kaliyan pergerakan masyarakat desa saking daerah pinggir pantai ke daerah pemukiman ditengah perbukitan, inggih menika bukit Barat ( Bukit Kauh) lan Bukit Timur ( bukit Kangin). Desa tenganan menika desa wonten ing tengah- tengah alas utawi hutan, namung wonten setunggal jalur kangge mlebet lan medal. Desa tenganan grupakaen salah satunggaling desa ingkang tasih merpertahanaken pola pagesangan ingkang tata masyarakatipun ngacu kaliyan aturan tradisional adat desa ingkang sampun dipunwarisaken nenek moyang kala rumiyin.
       Wujud lan aturan tata letakipun bangunan tasih tumut aturan adat turun- temurun ingkang tasih mempertahanaken dumugi kala sakniki. Sanesipun wujud griya utawi bangunannipun ingkang tasih asli tradisional, tenganan ugi dipun kenal kaliyan desa wisata upacara adat. Padamelan wonten ing desa tenganan menika wargi-warginipun langkung umumipun dados petani pari, ananging wonten ugi ingkang padamelanipun ndamel aneka mawarni- warni kerajinan. Biasanipun kerajinan wonten ing desa tenganan menika langkung kathah ndamel anyaman saking pring, ukiran lan lukisan wonten ing nggingilipun godhong lontar ingkang sampun dipunbakar utawi diobong. Wonten ing desa tenganan menika para wisata saged lagsung ninggali bangunan- bangunan wonten ing desa lan para pangrajin- pangrajin ingkang ngambar wonten ing lontar. Desa menika ugi dipunkenal kaliyan nenun kain.                    
       Wonten ing pagesangan desa tenganan menika tasih dipunatur kaliyan hukum adat. Griya wonten ing desa adat dipunbangun saking campuran bata abrit, selo lepen, lan ugi lemah. Menawi eyupnipun utawi atapipun saking tumpukan godhong rumbi. Griya adat ingkang wonten ngadahi wujud lan ukuran ingkang kathahipun sami antawis griya satunggal kaliayan griya sanesipun lan ngadahi lawangipun kangge mlebet luasipun ukuranipun namung kados satunggal tiyang dewasa. Lan satunggal ciri inggih menika wonten ing nginggil lawang menika katinggalan dados setunggal kaliyan griya.

       Desa Tenganan ugi ngadahi tradisi ingkang kathah lan unik kadosta jumlah tiyang kakung lan wadon menika seimbang lan menawi badhe nikah kedah sami-sami angsal tiyang desa adat tenganan menika, manawi wonten ingkang pikantuk jodo tiyangg njawi desa adat sampun mboten dipunanggap wargi tenganan utawi sampun dipun buang. kekuasaan desa adat, antawisipun lemah utawi hak pertuanan desa adat menika. Lemah- lemah ingkang dipunkuwasani sedayanipun desa adat kangge paedah desanipun piyambak. Wargi- wargi desa adat menika mboten angsal ngedol dening tiyang wonten ing njawi desa tenganan menika. Budaya wonten ing desa adat menika antawisipun upacara adat Mekare- kare ingkang langkun terkenal inggih menika nampilaken lare putra kalih ingkang saweg perang kanthi nginakaken pandan. Mekare- kare  utawi perang pandan menika dipuntindaki wanci setahun sepisan dados cara kangge nunjukaken bilih tiyang muda mboten wonten ingkang  desa adat menika mboten wonten ingkang ngadahi nanging kebo menika ugi sesaba pados pangan piyambak ing desa adat Tenganan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar