SALAH TAMPA
Wiwit
sepisan ketemu nalikane upacara pembukaan kursus komputer sesasi kepungkur aku
kesengsem karo salah sijine pasarta diklat kang jenenge Fitria Puspita, semono
uga Fitri sajake ya kesengsem karo aku, katitik saben ketemu ana ruang praktek
Fitri tansah mbudidaya piye supaya bisa cedhak aku kanthi cara ethok-ethok
takon senajan sejatine wis ngerti. Sawijining dina Fitri kandha ngomong, “Pak
mbok bapak main kerumah kalau pas libur tidak ada praktek.
“Lha
mbak Fitri kose nyang endi? pitakonku
“Dhateng
Kanoman kilen Perumahan AURI Blok O, sakilen pom bensin wonten margi ngaler.”
“Yah
kapan-kapanlah.”
“Kok
yah kapan-kapanlah sing pasthi ngoten lho pak, nek Bapak kalih kondur rak saget
mampir tenggene Fitri ta pak, tenan lho pak kula tunggu pokoke.”
“Lho,
lho …, kok njiwit barang, iki jenenge murid nranyak.”
“Yo
ben, jeneh Bapak nganyelke, kula tengga lho pak Setu sonten, napa Minggu
injing.”
“Ya
insya Allah Minggu esuk,” wangsulanku sejatine aku bingung, nalika aku mbukak
database pasarta diklat, Fitria Puspita kuwi jebule anake Hartini, pacarku
biyen ana SMA dhek 20 taun kepungkur, dadi tak anggep kaya anakku dhewe,
nanging tanggapane Fitri beda dikira aku tresna asmara, ning bab iki tetep tak
enggo wadi.
Dina
Minggu esuk watara jam setengah pitu aku sida tekan kos-kosane Fitri, terus
mencet bel kang anak tembok, let sedhela ana wong wadon setengah tuwa metu
mbukake lawang, punapa mriki leres dalemipun Bu Atun, pitakonku marang wong
mau.
“Inggih
leres kula piyambak,” wangsulane wong mau
“Punapa
mbak Fitri wonten.”
“Wonten
pak, ning taksih tilem,” wangsulane Bu Atun
“Sinten
Bu tamunipun,” saka njero keprungu swarane Fitri
“Tamune
nggoleki mbak Fitri,” wangsulane Bu Atun
“Mangga
lenggah rumiyin pak, Bapak sinten nggih,” pitakone wong wadon mau marang pak
Nono.
“Kula
Nono bu, guru pembimbing praktekipun mbak Fitri, nyuwun sewu lho bu.”
“Mangga,
mangga lenggah pak Nono pun tengga sekedhap Fitri nembe adus.”
“Nggih
matur nuwun,” Aku lungguh kursi ing ruang tamu, sing khusus kanggo nampa tamu
bocah-bocah sing padha kos ana omahe bu Atun mau.
Nganti
meh rongpuluh menit Fitri durung metu-metu, Fitri kok suwe banget ta olehe
adus, batinku wis meh rong puluh menit, ora let suwe jedhul Fitri metu karo
mesem sajak kelegan atine, lan nggawa baki isi wedang lan nyamikan, Fitri nganggo
clana ireng kaose rupane ungu, ketok ayu kata presenter TV.
“Mangga
diunjuk pak, mumpung taksih panas, nyuwun sewu nggih menawi Bapak nengga
dangu,” njur lungguh njenjeri aku.
“Ya
ora apa-apa,” wangsulanku cekak, aku njur kandha karo Fitri.
“Aku
ki jane bingung lho Fit ngadhepi kowe ki, karempu ki piye ngono lho, kon
saben-saben ngoyak-ngoyak aku, kok kon mrene?”
“Whalah
bapak ki nambuh, ethok-ethok ra ngerti, ningali solah tingkah kula, napa Bapak
boten kraos napa pak?”
“Ya
aku ngerti karepmu, kowe rak tresna karo Bapak ta?”
Krungu
omonganku Fitri tumungkul isin, banjur kandha;
“Fitri
niku nembe patah hati pak, enem wulan kepengker calone Fitri, ninggalke Fitri
dados manten kalih wanita sanes pak, larene niku persis Bapak, pramila pak
menawi Bapak kersa dados gentose nggih pak, nyuwun sewu lho pak nek Fitri cah
wedok ngethek, jeneh bapak sayang sanget nek kalih Fitri.”
“Haiyah
isa wae kowe Fit, apa wis kok pikir sing jero, aku ki rupaku elek, kamangka
Fitri ayu, mengko nek mlaku bareng apa Fitri ora isin, malah mbok menawa ana
sing komentar kae pacare apa kacunge. Lan aku ki sejatine wis duwe bojo lan
duwe anak, anaku sing mbarep padha umure Fitri.”
Fitri
mung meneng dhingkluk ngrungokake omonganku, bareng wis rampung dheweke mesem,
njur ganti omong.
“Ning
kula sampun kadhung tresna dhumateng Bapak, kados pundi kemawon kula tetep
tresna kaliyan Bapak lan kula boten badhe kesupen dhumateng Bapak. Fitri remen
pak, Bapak sampun nelakaken katresnanipun dhateng Fitri. Wah menika unjukanipun
pak kok njur dienengke wae.”
“Iki
kok umik-umiki aji pengasihan ya Fit.”
“Oooo
…, nggih pak kersane bapak lengket kalih kula,” kandha mengkono Fitri karo
njiwit pupune pak Nono.
“We
lha njiwit ta, awas tak bales mengko.”
“Silahkan
mangga, pilih sing pundi,” karo nyedhake pupune.
“Wis-wis
mengko nek priksa Bu Atun di semprit, tak ombene wedange bismillaahir rohmaanir
rohiim.”
“Nganu
Fit, kowe arep bali nyang Pare kapan?”
“Mbenjing
Setu ngajeng pak, wonten napa ta pak kok Bapak mundhut priksa kapan kula badhe
wangsul teng Pare?, bapak ngedheg-edhegi.”
“Iya
pancen aku arep gawe kejutan, aku kepengin ketemu Ibu lan Bapake Fitri, yen
Fitri suk Setu bali, aku dina Minggu awan arep nyang omahmu Fit, tenan iki aku
ora ngapusi.”
“Hah!
…, saestu pak, ajeng matur Bapak kalih Ibu napa pak?, badan kula mrinding
sedaya pak.”
“Yoh
aku arep matur Ibu lan Bapakmu.”
“Hah
…!!, saestu pak?”
“Tenan
ora ngapusi aku.”
“Iiiih
… bapak, mak seerr raose manah kula Fitri remen sanget pak.”
“Mbaleni
bab anggonmu arep bali nyang Pare mau aja lali nek wis tekan ngomah matur karo
Ibu lan Bapak yen aku arep dolan nyang Pare, matura yen pak Nono pembimbing
praktek komputer arep tindak neng Pare kepengin ketemu Ibu lan Bapak.”
“Nggih
pak, ning saestu lho pak, mboten ngapusi.”
“Ora-ora
nek aku ngapusi.”
Dina
Setu esuk Fitri sida bali nyang Pare, baline nyang Pare kanthi numpak travel,
mangkat saka Yogya kira-kira jam 09.00 dadi tekan Pare kira-kira jam 14.00,
saksiwe ngaso Fitri matur marang Ibu lan Bapake menawa Pak Nono guru
pembimbinge praktikum komputer arep dolan nyang Pare kepengin ketemu bapak lan
ibu;
“Ibu,
Bapak Fitri badhe matur pak.”
“Arep
kandha apa?” pitakone Ibune.
“Nganu
pembimbingipun praktek komputer Fitri mbenjing enjing badhe tindak mriki
kepengin pinanggih Bapak lan Ibu, kula boten mangertos keperluanipun, nanging
satunggal wekdal pak Nono nate ngendikan bilih pak Nono menika asli saking
Mediun, dados sami kalihan ibu lan bapak.”
“Ooo
…, ngono ta, ya wis ora apa-apa, mbokmenawa pak Nono mau kenal karo ibu utawa
bapak.”
Dina
Minggu awan kira-kira jam 10.30 Fitri wis lungguh ana teras nunggu tekaku, ora
nganti seprapat jam olehe nunggu, Toyota Avansa cet ireng kleser-kleser mlebu
ing plataran omahe, weruh mobilku wis mlebu nyang plataran omahe, Fitri banjur
mlayu mlebu karo undang-undang ibune;
“Ibuk,
ibuk Pak Nono sampun rawuh buk, ibuk mawon nggih sing manggihi pak Nono kula
isin buk.”
“Lho
piye ta pak Nono kuwi rak gurumu ta, kok ndadak isin-isinan, iki mesthi ana
apa-apa.”
“Nggih
pokoke kula isin bu, kula tak ndhelik teng kamar nggih bu, ibu mawon sing
manggihi pak Nono, mangga bu.”
“Ooooo
… Pancen bocah ra genah, ya wis tak temonane,” kaya ngapa kagete ibune Fitri
nalika weruh gurune pembimbing komputer Fitri, nganti jantunge kaya arep copot,
jebule sing diarani Pak Nono mau Mas Hardjono tilas pacare Bu Hartini ya ibune
Fitri dhek 21 taun kepungkur. Nalika ketemu adu arep Pak Nono mesem karo uluk
salam;
“Assalamu’alaikum.”
“Walaukum
salam,” wangsulane ibune Fitri.
“Pangling
ya dhik karo aku,” kandha mengkono karo ngulungke tangane ngajak salaman, ibune
Fitri banjur ngulungke tangane, tak gegem kenceng, nganti sawetara wektu ora
ana sing kumecap, kelingan dhek 21 taun kepungkur nalikane mlaku-mlaku nyang
tlaga Sarangan.
“Aku
mbesuk kepengin anakku sing sepisan wadon sing ayune padha ibune,” mengkono
kandhane Pak Harjono nalika 21 taun kepungkur.
“Tekaku
mrene aku kepengin mbukteke yen anakmu ya anakku, senajan awake dhewe ora sida
urip bebrayan,” mengkono kandhaku sawise sawetara padha ngeling-ngeling jaman
semana.
Krungu
tembungku mripate ibune Fitri kembeng-kembeng kebak luh nganti dlewer ing
pipine.
“Aku
ngerti yen Fitri kuwi anakmu amarga aku mbukak database pasarta kursus kang ana
komputer,” mengkono kandhaku. Ibune Fitri unjal ambegan karo ngelapi eluhe kang
dhlewer ana pipine.
“Aku
ngrengkuh Fitri kaya anakku dhewe, dene sliramu tak anggep adhiku semono uga
bapake Fitri wis tak anggep sedulurku lanang awit wis ngrengkuh sliramu, tekaku
mrene amarga aku kuwatir Fitri salah tampa, tresnaku marang dheweke kaya dene
tresnane bapak marang anak nanging Fitri penampane tresna asmara, bab iki kang
nkalari aku cepet-cepet ketemu karo sliramu diajeng.”
Ibune
Fitri isih durung bisa kumecap, lambene kaya dikunci rapet, bisane mung
manthuk-manthuk ngiyani kandhaku.
Kabeh
kandhaku marang ibune mau dirungokake Fitri saka kamar ngarep, persis ana ng
ngarep jendhela dadi krungu cetha saka njeron kamar, batine Fitri;
“Wooo
…, iki sing dingendikake Pak Nono bakal menehi kejutan kae, jebul Pak Nono
biyen pacare ibu sadurunge ketemu bapak.”
( Kapethik saking Djaka
Lodhang, Setu Legi,16 Juni 2012)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar