Senin, 16 Desember 2013

Pengalaman (nalika menyang solo)




Nalika Menyang Solo

Wanci tahun kalihewu kalih welas kula lan konco menyang dolan wonten ing solo. Saking griya jam 5 esuk nuju ing stasiun lempuyangan. Nalika tekan stasiun kreta prameks jam 6 sampun mangkat kinten-kinten namung telat gansal menit kemawon kalih anggon kula lan kanca kula tiba wonten ing stasiun. Lajeng kula sakanca mboten kirang akal lajeng tumuju wonten ing terminal giwangan. Tiba wonten ing terminal kinten- kinten wanci pitu enjing. Lajeng mundhut tiket lan motoripun dipunparkir wonten ing terminal. Mboten dangu kalih anggonipun kula ngentosi mangkatipun bis lajeng padha mlebet wonten ing bis tumuju solo.
Wonten ing perjalanan kula lan konca kula ngrundhel amargi pengin sanget menawi mlampah wonten ing solo menika numpak kereta amargi mboten marake mabuk. Ananging sampun ketinggal kereta terpaksa inggih numpak bis. Kinten- kinten setunggal setengah jam wonten ing perjalanan menika sampun dumungi wonten ing terminal balapan solo. Saksampun medhak wonten ing bis kanca kula mabuk amargi mboten tahan menawi numpak bis.
Saksampun medhak saking bis lajeng kula sakanca bingung kedah tumuju wonten ing pundi malih, amargi kula sakanca dereng ngertos papan- papan wonten ing solo. Lajeng kula sakanca numpak becak saking terminal tumuju wonten ing Kraton Solo, Pasar Klewer. Becak satunggal menika ditumpaki tiyang 3 lan kedah bayar 35 000 ewu.  Saksampun dumugi wonten ing Kraton kula lan kanca kula kedah nunggu menawi badhe mlebet amargi dereng dipun bikak. Kedah nunggu jam 10 enjing.
Wanci jam 10 dipunbikak kula lan sakanca lajeng mlebet wonten ing Kraton Solo lan kula sakanca ninggali bendha- bendha ingkan wonten ing salebetipun kraton solo. Kados ta kereta, patung- patung lan sapanunggaling. Kula lan sakanca lajeng foto- foto kangge kenang-kenangan lan jelajah wonten ing salebeting Kraton.
Sampun tutuk anggenipun ninggali ing Kraton kula lan sakanca lajeng tumuju wonten ing pasar klewer. Panggonanipun mboten tebih saking Kraton. Saderengipun kula lan sakanca mlebet wonten ing solo kula maem rumuyin wonten ing ngajeng pasar amargi awit enjing dereng maem. Saksampunipun maem soto solo lajeng mlebet wonten ing pasar klewer. Kula lan kanca lajeng blonjo- blonjo .
Amargi wancinipun sampun jam 1 lajeng tumuju wonten ing Solo Square nginakaken taksi amargi panas. Wonten ing taksi kula lan kanca cariyos nalika bayar becak.
Kula lan kanca : “ Pak menawi numpak becak saking terimanal balapan bayar 35 ewu kinten-kinten kelarangan mboten ngiih ?”
Pak taksi          : “ alah mbak kok larang banget kui, sesuk meneh numpak taksi wae wis ana argone.”
Kula lan kanca : “ waduhh ngihh napa pak, amargi wau mboten mangertos pak.”
Pak taksi : mbak e menika saking pundi ta...?”
Kula lan kanca: “ saking jogja pak , ananging dereng tau wonten ing solo.”
Pak taksi : “ oalahh mbenjang malih numpak taksi mawon mbak.
Kula lan kanca: “ ngihh pak.”
            Saksampun medhak saking taksi lajeng tumuju mlebet wonten ing Solo square. Lajeng muter- muter. Wanci sampun nunjukaken jam 3 sonten lanjeng kula lan kanca temuju wonten ing stasiun amargi sampun trauma menawi ketinggal kereta malih. Lajeng kula tumuju wonten ing jogja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar