Senin, 16 Desember 2013

Profil tokoh budaya " Penari cilik "



Ayu Dya Sekar Satiti
Penari Cilik
        Kenya alit menika kalairan Bantul 15 Febuari 2007 menika miwiti nari kala tasih paud. Ayu dya menika akrab diundang sekar. Dhek sekar menika putrinipun bapak Heri Purnama Sidi ingkang griyanipun mapan wonten ing Depok Parangtritis Kretek Bantul Yogyakarta. Lajeng nalika umuripun sampun tambah Dhek Sekar menika wiwit mlebet wonten ing TK Kuncup Melati III ingkang mapan wonten ing Bungkus Parangtritis saha sakmenika sampun mlebet SD Bungkus. Pancen wiwit saking TK sekar sampun tumut lomba- lomba. Saking alit sekar sampun remen joged- joged wonten ing ngjeng Tv saben disetelaken tari- tari piyambakipun ugi tiru—tiru nari. Manawi mengeti dinten-dinten kemerdekaan sekar ugi kadapuk dados penari kaliyan kanca- kancane. Awit saking menika sekar dipun lebetaken wonten ing sangar tari salsa. Sekar ugi sampun ngguwasani tari kadosta tari lir-ilir, tari jaranan, tari ula-ulanan, lan tari percita kala sekar tasih TK. Ananging sakmenika sekar sampun mlebet SD Bungkus lan dereng dangu ugi tumut lomba karawitan wonten ing kabupaten kaliyan kanca- kancane. Pikanthuk juara harapan 1 dheweke sampun remen sanget. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar