Senin, 16 Desember 2013

Wacan Prosedural " Rainbow Cake"


WACAN PROSEDURAL 

GAWE RAINBOW CAKE



                 
Bahan :

-          Tepung trigu 200 gram.
-          Gula pasir 300 gram
-          Endhog pitik 8 iji.
-          Lenga goreng 300 ml.
-          Vanili bubuk ½ sendhok teh.
-          Uyah ½ sendhok teh.
-          Emulsifer 1 sendhok teh ( supaya adonan bolu empuk lan alus)
-          Sumba sing aman kanggo panganan: abang, kuning, ijo, biru lan wungu.
-          Butter cream (krim mertega).

Cara panggawene:
-          Endhog lan gula pasir dimixer nganti nyampur rata lan alus. Emulsifer ( bahan tambahan ben adonan dadi alus lan lembut) dicemplungake adonan. Terus dimixer nganti mumbul.
-          Campuren lenga goreng menyang sebagyan adonan roti, diudhak- udhak nganti nyampur rata.
-          Tepung trigu saka sethitik dicampur menyang adonan, diudhak-udhak nganti rata tenan.
-          Campuren adonan sing wis diwenehi lenga goreng mesisan nganti nyampur rata.
-          Adonan didum dadi 6 perangan, diwadahi mangkok sig akehe padha. Saben mangkok diwenehisumba abang, oranyem kuning, ijo biru lan wungu.
-          Siapna loyang ukuran 24 x 12 cm sing wis dilapisi kertas roti lan dipoles tipis wae nganggo mertega. Kukusen adonan mau kira-kira 20 menit.
-          Yen sekirane wis mateng banjur diangkat, diangin-anginke dhisik sadurunge ditumpuk.
-          Panggonan kang arep dienggo numpuk rainbow cake dilemeki kertas roti utawa plastik.
-          Sawise kuwi bolu kukus lagi ditumpuk. Urut-urutane werna gumantung kesenengane dhewe.
-          Amrih panumpuke tumata rapi, saben salapis diseseli adonan butter cream.
-          Yen wis numpuk kabeh, bolu kukus ditutup nganggo adonan butter cream nganti rata. Perangan ndhuwur bisa diwenehi rerenggan stroberi lan diwur-wuri perman maneka warna.
-          Bolu kukus ya ranibow cake wis bisa didhahar kanggo nyamikan.

( kapethik saking panyebar semangat dening Arkandi Sari)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar