Senin, 16 Desember 2013

Artikel



TRADISI SEDEKAH LAUT
Pantai Depok menika taksih manggen ing Kawasan Pantai Parangtiris Yogyakarta, saking pantai parangtritis samang menuju datheng arah kilen langkung radin alit uga samang ugi saged menikmati gumuk wedi ingkang ngrupikaken fenomena alam / keajaiban alam. Gumuk wedi niki namung enten 4 ing donya, uga salah satunggalipun ing daerah menika. Kesaen pantai depok sampun ketingal nalika samang mencapai parkir mobil, kaliyan pantai ingkang terbentang wiyar uga resik. Wisata Jogja - Pantai Depok Yogyakarta. Pantai Depok ugi dipundadosaken dados kawasan wisata kuliner dening Menteri Kebudayaan uga Pariwisata RI Jero Wacik taun 2009 ingkang lajeng. Wonten peken ulam uga sekitar 40 wande tedha. Wisatawan tumbas ulam segar ing peken ulam utawi lajeng saking baita nelayan, salajengipun jasa mangsak dening wande tedha. Kesaen Pantai Depok ugi mboten kawon nggeretipun kaliyan pantai Parangtritis, uga samang saged menikmati sunset tanpa kepambengan bukit utawi menapaa. kaliyan entenipun kathah baita ingkang terparkir ing pantai niki, ndamel kesaen pantai kraos langkung gesang.

Kabudayan inggih menika salah satunggaling kagiyatan warga masyarakat wonten ing tlatah tartamtu ingkang dipun tindakaken turun–tumurun. Wonten ing Yogyakarta kemawon kathah tradhisi ingkang sampun dipuntindakaken awit saking jaman runiyin. Salah satunggaling inggih menika labuhan utawi sedekah laut kados ingkang dipunlaksanaaken kaliyan masyarakat bantul wonten ing pantai depok. Masyarakat ing sekitar pantai depok menika taksih nguri-uri budaya jawi labuhan utawi sedekah laut ingkang dipunlaksanakaken kemis wage 6 desember 2012 , tradisi menika dipun laksanakaken saben taun. Adicara menika salah satunggaling wujud syukur masyarakat ing sekitar pantai depok dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring asil laut ingkang melimpah kangge nyekapi kabetahan pagesangan ing padintenan.
Upacara sedekah laut ing salah satunggal dhusun ing depok ugi dipuntumindakake dados raos syukur inggil pikantuk para nelayan ingkang sampun dipundeningaken uga dipunpangangkahaken kajengipun para nelayan lebet berlayar madosi ulam mboten ngalami kerekaosan utawia kecelakaan. telu dinten sadereng upacara ing dinten ingkang sampun ditetapkan, warga masyarakat dipesisir njagikaken macem-macem macam tedhan khas kados kue cucur, naga sari, kembang gendhis uga benten-benten. Kue-kue punika dipunjagikakenaken dados pasegahan kunjuk warga masyarakat dhusun kesebat, paling utami sanak keluarga uga para tanggi ingkang ing dinten-dinten punika sami tuwi prayoginipun dinten wiyaran. piyambake sedaya sami bertandang uga ngicipi tedhan khas punika. ing dalu sadereng dinten upacara piyambake sedaya ndamel sacawis ingkang badan inggil kembang pitu rupi, kue-kue, sekul tumpeng uga benten-benten. sacawis punika dipunpanggenaken ing setunggal anyaman, kedamel saking ron krambil. Keesokan dinten, ing enjang dinten sedaya masyarakat panyerat dhusun ngempal dipunpinggir laut uga ing kala punika dipunentenaken upacara penghanyutan sacawis-sacawis ingkang sampun dipunjagikakenaken ing dalu dinten saderengipun.
Rantaman adicara mawi kirab budaya menika nampilaken Bergodo Nelayan, Bergodo pedagang Ikan, Bergodo Pedagang Asongan, Bergodo Warung Makan, lan Bergodo Lare-lare, sasampunipun dipun lajengaken mawi upacara sedekah laut. Salajengipun badhe dipunsajikaken Sekul Nuk (sekul bungkus ron) cacahipun 6000 ingkang badhe dipunbagikaken  gratis kangge sedaya tiyang ingkang rawuh. Adicara menika ugi disengkuyung mawi Pentas Kesenian Jathilan Putri, pentas tari-tarian, lan Pentas Kesenian saking ISI Yogyakarta. Pungkasaning inggih menika adicara wonten ing dalu inggih menika Malem jumat kliwon ingkang dipun wontenaken Pentas Wayang Kulit kanthi dhalang Ki Seno Nugroho.

Geguritan



PANGATI – ATI

            Watake jaka sejati kabeh  padha ngati- ati
            Ngedhoi panggawe
            Juti sawah tegal dirumati
            Labar panen padha mukti

                        Tur kabeh padha ngemukti
                        Wing kang miskine kepathi
                        Supaya padha mangerti
                        Bungah susah amratani

Profil tokoh budaya " Penari cilik "



Ayu Dya Sekar Satiti
Penari Cilik
        Kenya alit menika kalairan Bantul 15 Febuari 2007 menika miwiti nari kala tasih paud. Ayu dya menika akrab diundang sekar. Dhek sekar menika putrinipun bapak Heri Purnama Sidi ingkang griyanipun mapan wonten ing Depok Parangtritis Kretek Bantul Yogyakarta. Lajeng nalika umuripun sampun tambah Dhek Sekar menika wiwit mlebet wonten ing TK Kuncup Melati III ingkang mapan wonten ing Bungkus Parangtritis saha sakmenika sampun mlebet SD Bungkus. Pancen wiwit saking TK sekar sampun tumut lomba- lomba. Saking alit sekar sampun remen joged- joged wonten ing ngjeng Tv saben disetelaken tari- tari piyambakipun ugi tiru—tiru nari. Manawi mengeti dinten-dinten kemerdekaan sekar ugi kadapuk dados penari kaliyan kanca- kancane. Awit saking menika sekar dipun lebetaken wonten ing sangar tari salsa. Sekar ugi sampun ngguwasani tari kadosta tari lir-ilir, tari jaranan, tari ula-ulanan, lan tari percita kala sekar tasih TK. Ananging sakmenika sekar sampun mlebet SD Bungkus lan dereng dangu ugi tumut lomba karawitan wonten ing kabupaten kaliyan kanca- kancane. Pikanthuk juara harapan 1 dheweke sampun remen sanget. 


Wacan Prosedural " Rainbow Cake"


WACAN PROSEDURAL 

GAWE RAINBOW CAKE



                 
Bahan :

-          Tepung trigu 200 gram.
-          Gula pasir 300 gram
-          Endhog pitik 8 iji.
-          Lenga goreng 300 ml.
-          Vanili bubuk ½ sendhok teh.
-          Uyah ½ sendhok teh.
-          Emulsifer 1 sendhok teh ( supaya adonan bolu empuk lan alus)
-          Sumba sing aman kanggo panganan: abang, kuning, ijo, biru lan wungu.
-          Butter cream (krim mertega).

Cara panggawene:
-          Endhog lan gula pasir dimixer nganti nyampur rata lan alus. Emulsifer ( bahan tambahan ben adonan dadi alus lan lembut) dicemplungake adonan. Terus dimixer nganti mumbul.
-          Campuren lenga goreng menyang sebagyan adonan roti, diudhak- udhak nganti nyampur rata.
-          Tepung trigu saka sethitik dicampur menyang adonan, diudhak-udhak nganti rata tenan.
-          Campuren adonan sing wis diwenehi lenga goreng mesisan nganti nyampur rata.
-          Adonan didum dadi 6 perangan, diwadahi mangkok sig akehe padha. Saben mangkok diwenehisumba abang, oranyem kuning, ijo biru lan wungu.
-          Siapna loyang ukuran 24 x 12 cm sing wis dilapisi kertas roti lan dipoles tipis wae nganggo mertega. Kukusen adonan mau kira-kira 20 menit.
-          Yen sekirane wis mateng banjur diangkat, diangin-anginke dhisik sadurunge ditumpuk.
-          Panggonan kang arep dienggo numpuk rainbow cake dilemeki kertas roti utawa plastik.
-          Sawise kuwi bolu kukus lagi ditumpuk. Urut-urutane werna gumantung kesenengane dhewe.
-          Amrih panumpuke tumata rapi, saben salapis diseseli adonan butter cream.
-          Yen wis numpuk kabeh, bolu kukus ditutup nganggo adonan butter cream nganti rata. Perangan ndhuwur bisa diwenehi rerenggan stroberi lan diwur-wuri perman maneka warna.
-          Bolu kukus ya ranibow cake wis bisa didhahar kanggo nyamikan.

( kapethik saking panyebar semangat dening Arkandi Sari)